Sony Xperia E4 Dual - Ngisi daya piranti

background image

Ngisi daya piranti

Piranti sampeyan duweni baterei sing nempel lan bisa diisi ulang sing mung bisa digenti

dening Sony utawa pusat reparasi resmi Sony. Aja coba-coba mbukak utawa mbongkar

dewe piranti iki. Mbukak bisa nyebabake kerusakan sing bakal mbatalake garansi.
Baterei wis diisi separo nalika sampeyan tuku piranti. Sampeyan isih bisa nggunakake

piranti nalika piranti diisi daya. Waca maneh bab baterei lan carane ngapiki performa

Baterei lan pangaturan daya

ing kaca 115 .

10

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngisi daya piranti

1

Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2

Tancepake kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing

komputer).

3

Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port micro USB ing piranti, kanthi

simbol USB madhep munggah. Lampu kabar murup nalika pangisian daya

diwiwiti.

4

Sawise daya piranti diisi kebak, jabut kabel USB saka piranti kanthi narik metu. Aja

nganti nekuk konektor.

Yen baterei kosong, perlu sawetara menit sadurunge lampu kabar murup lan lambang ngisi

daya muncul.

Status lampu kabar baterei

Ijo

Level pangisian baterei luwih dhuwur saka 90%

Abang kethip-kethip

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 15%

Oranye

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 90%

11

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.